This is default featured slide 1 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.

This is default featured slide 2 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.

This is default featured slide 3 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.

This is default featured slide 4 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.

This is default featured slide 5 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.

4 SERANGKAI

0 komentar

“4 SERANGKAI”

Esuk  iki, serngenge durung katon, semilir angin lan embun nang esuk iki kasa adhem banget. Alam isih dikemuli embun esuk. Ana bocah 4 sing lagi nunggoki jemputan gawe budhal nang sekolah golek ilmu gawe kemakmuran ing tembe mburi. Bocah 4 iku mau nduweni kepribadian sing bedo-bedo. Kepribadian sing pertama iku alus,kalem lan sing biasae ngademno atine arek-arek nduweni jeneng Jaima. Kepribadian sing ke 2 iku keras kepala nduweni jeneng Brudin. Kepribadian sing ke  3 iku cuek tapi loman nduweni jeneng Rahayu. Kepribadian sing terakhir iku nurut nduweni jeneng Giyono.
          Moleh sekolah, Jaima,Brudin,Rahayu lan Giyono ngumpul bareng nang markas biasae yaiku omahe Rahayu. Soale omahe Rahayu sepi lan gedhe. Ing markas bocah papat mau ngerencanakno liburan bareng akhir semester nang bayuwangi. Kabeh urusan wes beres kari njalok restu nak ibuk lan bapake dewe dewe, sakwise rundingan, jaimah brudin lan diono ngulih  nang omahe dewe-dewe, sakwise rundingan jamaah , broden lan giono muleh nang omahe dewe-dewe.
          Minggu isuk bocah papat janjian njaluk restu bareng supaya diolehi budal liburan. Jaimah sing teko disek laine nang omah mangan.
          “endi arek-arek iki? Aku wis suwih nang kene. Jarene jam 8” tutur jaiman. Gak suwe rahayu lan giono teko.
          “woy jaima kowe wis suwe nang kene tah?” takok giono
          “wis ket jam 8 aku ning kene,kowe podo lemot”jawab jaimah
1 jam Jaimah, Rahayu lan Giono nunggoki Broden durung teko, gak suwi titik Broden teko.
          “ kowe suwine den!” tutur Giono
          “ iyo aku mau ana urusan “ jawab Broden
          “ halah mesti kowe den, telat terus “
          “ wis wis. Ayo saiki budal nang omae sapa disik iki ?” takok Jaimah
          “ na omae Giono disik ae, soale parek tekan kene “ jawab Rahayu
          “ya na wis ayo” ajak Jaimah.

          Totok ohame Giono kabeh podo grogi wedi gak di keki restu gawe budal liburan.
“ assalamualaikum”
“waalaikum salam” sahut ibuke Giono
“ibu, iki ana kanca ku kape ngomong” ujar Giono
“eh iyo le, na ayo melbu”
“inggih buk” jawab bocah telu.
 Bocah papat iki mau melbu na omah trus lungguh ning kursi sing wis disediakno.
          “Ono apa to nak kok rame-rame iku?” Takok ibuke Giono
           “Niku bu, kula lan kanca-kanca badhe njaluk restu gawe lunga menyang Banyuwangi gawe ngisi liburan akhir semester” jawab Rahayu
         “oalah, inggih nak ibuk ngekeki samean restu gawe budhal nang Banyuwangi, tapi seng ati-ati nggih nak” tutur ibuke Broden
         “inggih buk” jawab sak kabehane
Mari ning omahe Giono, bocah iku mau ngelanjutno nang omahe Rahayu trus dilanjutno ning omahe jaimah lan sing terakhir nang omahe Broden.
          Bocah papat iku mau wis oleh restu saka ibu lan bapake Giono, Rahayu lan Jaimah. Tapi bocah papat iku mau durung oleh restu saka ibu lan bapake Broden. Sesampeke ning omahe Broden, Jaimah ngomong nang bapake Broden lek kape lungo nang Banyuwangi. Tapi bocah papat iku oleh kekecewaan amarga Bapake Broden gak ngolehi Broden lungo nang Banyuwangi. Tapi Broden isik meksa gawe lungo nang Banyuwangi.
          “pokoke aku tetep mitot lungo” kekeh Broden
  “aja den, kowe ora diolehi karo bapakmu. Engko lek awakmu sik metot ae bakal ana kejadian sing aneh-aneh” jawan Jaimah

          “gak, pokoke aku mitot” (Broden isih ngotot)
          “yawis sak karepmu lek ana apa-apa aku gak tanggung jawab”

          Menisuke bocah papat iku mau budhal menyang Banyuwangi, tapi tutuk tengah-tengah perjalanan ana kejadian sing gak ngenakki yaiku Broden sing pamit ngooyo tiba-tiba ilang lan gak mbalik-mbalik ning mobil trus kanca sing laine goleki Broden suwengi. Sak wise ketemu, Broden dikandani Rahayu.
          “kandani den kowe iku ora direstui karo bapakmu, mangkane kowe kesasar”
         “oh yo ta rek? Yawes lek ngono ayo muleh ae. Liburan nang parek-parek wae” ajak Broden
         “iya wes ayo”
Sak wise tutuk oma, Broden lan kanca-kancane langsung ngadep bapake Broden njaluk sepura.
          “bapak, Broden njaluk sepura soale Broden ora ngrungokno omongane bapak”
          “inggih nak, lek dikandani bapak niku sing nurut”
          “enggeh pak”
Sawise njalok sepura 4 serangkai iku mau liburan nang pantai pinggir omahe Giono.

         
TAMAT

 
Mellania Ariyanti © 2012 | Designed by Meingames and Bubble shooter